Minggu, 21 September 2014

Geguritan (puisi) - Duwekke Sapa



Duweke Sapa
(Dening : Biyunge Rindra Henky, sapinggiring kali Glugu, April 2013)

Aja didhaku
Iki dudu duwekmu
Uga dudu duwekku
Iki sing abang, iku sing biru
Kae putih, kuning lan ungu
Delengen dhisik aja kesusu

Sing nunggu lagi nesu mula mbecucu tanpa ngguyu
Umpama mripat iki ora bisa mulat
Mesthi ora weruh sakabehing kang kasad
Umpama irung ora bisa ngambung
Tutuk iki ya ora bisa crita, ambune sate … lan sapanunggalane
     Kanca…
     Sikil iki bisa lumaku
     Lumaku mrana-mrana
     Saka omah menyang sekolah
     Saka sekolah bali maneh ing omah
Awake dhewe bisa
Merga dhawuhe Kang Maha Bisa
Mula kabeh iku kagungane Kang Maha Bisa
Ayo kaudi amrih piguna
Piguna tumrap sepadha-padha
Tandha syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa
     Amarga…
     Samangsa nyawa iki kapundhut Kang Kuwasa
     Nyatane ya ora bisa apa-apa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar