Jumat, 22 Agustus 2014

Geguritan (puisi) Wutah Getihku

Wutah Getihku
(Mahardono Wuryantoro)

Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani

Wutah getihku daktresnani

Kawulamu....
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig in tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun

Aku lila...
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara

Lumantar iki....
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku

2 komentar:

  1. Pamilihane tembung (diksi) nya dong kak?

    BalasHapus
  2. Sama analisisnya dong, unsur fisik sm unsur batinnya

    BalasHapus